Saturday, November 24, 2012

PUISI TEGALAN


WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU

rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah

dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen ***


RON GARING

Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu

panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.



Pengarang: Budhi setyawan



**IBU

Awit neng jerone weteng
Enyong sering jejeki weteng
Biaya ngetokna Enyong larang
Tapi Enyong tetep disayang
Babarane lara , taruane nyawa
Mati Karo Urip mung nggo senyawa
Dibiayai nganti rekasa
Mbarang gede gawe ati lara
Ora pernah mbales jasa
Meskikaya kue ibu ora pernah putus asa
Tetep ndidik karo nyekolahna
Awit SD anjog Sarjana
Ibu ….
Enyong ora pernah nggawe gemuyu
Enyong sering gawe rudu
Meski kaya kue tetep sayang maring Anak mu
Enyong pan berubah demi Ibu
Pan gawe seneng Ibu
Pan bales kabeh jasa – jasa Ibu




Karya : Halimatus Sa'diyah

**Prasasti

Nang kene ,nang bumidesa guci
wistak pendhem siji prasasti
Aranku sing tak ukir nang watu lintang
Arane kowen sing tansah tak undang – undang
Nganti dadi kemlandang moni saben ngimpi
Nang kene ,nang bumi desa guci
bumi sing tansah teles
Esuk- esuk wis adus grimis
Bocah – bocah sing payungan godong teles
Tetawa jagung bakar
Ana mbok tua ngiyub neng emper kios
Tetawa wortel karo godhong selada
Nang kene , whe kowen tau netes neng gigir
Kowen sing lendhotan pendhut
Sing gawe – gawe mega
Nyawang umur sing semingir alon – alon
karo ningali pitakon
Sing ora bakal tak jawab
Embuh . embuh ,embuh
Nang kene ,nang bumidesa Guci
Ana prasasti sing wis tak pendhem
aranku …
Aranekowen …
Lebur dadi lemi
kentir neng kali



**WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU

Rong puluh tahun kelingan enyong karo kowen tau mlaku neng dalan kene
Sadawane ora ketemu
Koen karo enyong wis beda ora kaya biyen wektu esih tak kanthi
Gandaning wengi mau esih sumrebak ngebeki pedut wayah esuk

Wis ajambok tangisi lakon kang wis kelingan
Wis pirang wayah ketelu tak enteni nganti rambut warna ireng karoputih
Ing dalan kie rong puluh tahun kelingan
Ana cerita rinajut endah

Dik, kala – kala kowen esih dadi impenku
Pirsanana ana ning duwur kae
Ana teja manther neng sela – selane gegodhongan
Karo lintang panter wengi sing esih kari sakmenir gedhene

Saiki enyong karo kowen linambaran rasa kangen
Simpenan kangenmu ana impen ..






** Kancaku

Awan bengi sing dilewati bebarengan
Ninggalaken akeh kenangan
Kenangan sing angel dilupakaken

Tapi......
Sairing waktu sing keliwat
Perpisahan kue ora bisa dicegat

Sanajan......
Ati kie Nangis
Tapi wektu kie rha bisa diulang maning . . . .

Kancaku . . .
Ning sujudku. . . .
Nyong donga lan ngarep maring gusti Allah
Ebene sang waktu bisa nemukna
Nyong lan kowen maning . . . .



Karya : Afni Umami


**Donga Ketulusan

Dudu kie sing nyong pengin
Tapi ,kiye lah sing nyatane
Ora saindah ngimpi
Sing dibayangna saben wengi

Tangis karo gemuyu
Kuwelah dolanan
Dolanan uripe manungsa
Peteng karo padang dadi suasanane
Tapi ,
Kuwlah sing arane keuripan

Ora perlu ditangisi
Ora perlu diratapi
Soale ,
Enyong selalu ana neng pinggire kowen
Nglalui saben donga sing enyong panjatna marang gusti Allah



Karya : Novi Safitri


**Adine Enyong

Ning kene enyong bersandung
Tentang dukane enyong
Kielah puisine nyong nggo kowen
Duhai adine nyong
Mukur pengarepane nyong kabeh
Kowen ngerti setulus kewajibane
Nyong dadi kakang
Mbingkai kenangane dewek
Butiran – butiran kenangan perjalanan
Wektu sing mesti nyong
Eling neng keceriaan
Kambe kowen
Sing ujung lawang umah
Enyong lewat nahan pilo


Karya : Siti Faturoh (XI IPS 5)






**Kasih sayange ibu

Ibu …..
Pas enyong kenal kasih sayange panjenengan
Rasane kulo pengin mbales budi apike njenengan
Enyong terus donga
Ya Allah ….
Neina Ibune nyong umur sing dawa
Oh Ibu ….... Panjenenganlah pangkune nyong
Sampean luangna waktune nggo nyong
Pas enyong cilik ,Kosi gede mengko
Kur kasih sayange njenengan sing terus korbana
Semangat neng jero jiwane enyong

Ibu . . . . Njenengan nei nyong semangat nggo maju
Njenenganlah surgane nyong
Ora bakal nyong lupakna
Kaya kue indah kasih sayange njenengan ibu


Karya : Uli Aulia (XI IPS 5)
Read More »

7 comments:

herman said... March 6, 2013 at 1:02 AM

mangan
sega liwet campur ponggol
nasi liwet nyong kelolodan
jagong lemprak kaya ning kuburan

mangan.,...
urip ora kudu mangan akeh
sing penting go ngisi weteng

urip aja mbadok akeh
wong urip aja gagahan

Unknown said... March 7, 2013 at 4:37 AM

??

Unknown said... March 7, 2013 at 6:37 AM

Ijin Copas gan ..

Unknown said... March 7, 2013 at 7:57 PM

Siipp mamen

Unknown said... September 25, 2018 at 9:07 PM

Siip gan

Unknown said... July 28, 2019 at 4:33 AM

Kenapa ga bisa

sangsastra said... December 19, 2021 at 6:12 PM

Jadi termotivasi

Post a Comment

Copyright © *Gubug Kreasi^ 2014

Template By Sayyidan Chiam