Friday, February 28, 2014

PUISI TEGALAN


ORA KANDEGEN
Karya : Fauzi Robbani

Bar tukaran padu crengas - crenges
Nganggo entrok tok
Enyong gagiyan nyopot kasut
Mbrusut
Maring karidoane Gusti Allah siji
Bojo siji, pati siji

Babar pisan ora pan maning-maning
Maru slingkuh
Aja kosih aja kosih

Ayo, jakwir pada nyawijiake Gusti Allah
Setuhu karo bojo

Ora kandegen bungahen

Desember 2013
PONTREN TAQUTH












PEMILIHAN UMUM
Karya : Abu Ma’mur MF
Sedelat maning pemilihan umum
poster-poster calon legislatif dipajang nang
pinggir-pinggir gili
raine gagah-gagah, ayu-ayu
nang ngisor fotone ana tulisan janji-janji
angger deweke gadi
bakal ngrumati rakyat cilik, rega sembako murah
lenga tanah murah

Enyong mbatin tok, Ya embuh…
Angger wis gadi ya ora kelingan rakyat cilik
sing dibela mung telihe dewek tok

Mulane sedulur ari milih calon legislatif aja ngawang
Kudu nanggo ati nurani
Aja mung karna duit sepuluh ewu
sawise ketipu

jare man Karmad,"Bagi enyong tah sing gadi sapa
mbuh sapa
ya pada bae. Enyong tetep mbecak.
Sing penting tah apa-apa murah…”

Karangmangu, 2008







IBU SAJRONE KANVAS
Karya : Dyah Setyawati
Ibu, senggane bias tak gambar nanng kanvas kiya
Praupane sing telaga
Eseme lakalaka
Landhepe sorot mata
Ndeyan bae nyedeki sempurna, cekelane swarga
Ibu paling pinter ngeneng ngeneng anake sing nangis nggriyeng
Saben bengi tlaten ndongengi eben turu lali
Njaga tasbih tengah wengi
Esuk njepluk wis ngurusi sarapan
Nyepakna sandangan
Wiwit ngajari mlaku tekan nganggo sepatu
Katresnane ora bisa dituku
Dudu mung sedepa tapi sedawane nyawa
Mugane aja kosih nggawe cuwa
Ibu, tak sebut jenengmu
Tak dikep ayang-ayange
Mbokan bae teka liwat impen
Kena kanggo tamba kangen sing kesuwen
Senggane bisa tak gambar nang kanvas kiye
Praupane sing telaga
Muga bisa kanggo mbatiri
Dina dina sing sepi lithi
Ibu munng siji, tak pundi sejroning ati
Nganti tekan pati.

Desember, 2012





SAJAK KANCANAN
Karya : Linda Manise
Ngemuti jaman gemiyen
Jamane awake dewek esih cilik
esih seneng playon nang karangan
mburi umah

rok umpet, kucing mandung, blarak sempal
jangka, gotri
tapine saiki awake dewek sangsaya adoh
kowen klalen
enyong bosen

anane handphone
mung gadi pepantes
es-em-es saklalar-sakliwat be kayong sungkan
angger ditelpon jawabane
maaf, nomor yang anda tuju sedang sibuk
Cobalah beberapa saat lagi!”

Salugune, sung
Enyong wis bosen
Ngemut-ngemut awake kowen
Sataun pisan tak enteni
Nganti bada kupat, kowen ya ora nongol
Mingangkane kangen
Nganti njarem
Coba tilikana karangan mburi umah





KANGGO KORAN
Karya : Apas khafasy
Maca Koran bunngkuse ponggol setan
Enyong ndeleng wong dolanan wayang
Peteng gemebyar ayang-ayang geber

Ana impen sing didamoni, kembung!
Ana sunyata sing diplintir, kentir!
Samubenge impen lan sunyata kocar-kacir
Ngacir
Sajerone asal-asalan moni lan nulis
Wong karepe ngomong gemede
Nggedeg-nggedegna omongan
Laka titik koma

Mbuh pan belih asu nggonggong
Pada karo kucing ngeong
Kaya kuwe bae dadi brita geger
Angger ndorone wong gede
Sing dideleng toh
Esih ana ralat go ngeja
Tetenger maca sing kliru

Nyong malah putek
Didoboli tukaran cocot wong-wong penting
Patukbangkrung ngindig kepentingan
Go kepentingan
Tapine ora bisa ngupah apa-apa
Saliyane mein kabar angin-anginan
bang-bang tut suara entut”


KEDANAN
Karya : Lanang Setiawan
Nyong kangen
Maring wayah bengi sing wulane
Wudabral
Katisen ketampek semruput
Kibare angin wolung jurusan

Mega-mega pating mentiyung
Geyang-geyang
Mobat-mabit

Wayah bengi sing tak kedani
Kangene enyong maring kowen
Paribasan kaya gemladage geni mulad-mulad
Apa kowen mesih gelem taktemoni
Sisan nyong ngrasakna kedipan mata kowen sing
Kaya lintang kejora
Kebek katresnan

Nyong gundah kemrungsung
Ngangeni bengi sing tak kedani
Langit biru mencorong kaya telaga bening sing
Kemerlob nang sorot matane kowen
TEGAL, 22 NOPEMBER 2013








NUTURI BOCAH
Karya : Bagus Sibrong
Tong !!
Dadiya bocah sing taqwa
Mbokan mbesuk koen dadi guru
Guru sing bisa ndidik muride nurut karo wong tuane
Dudu guru sing gawe muride durhaka
Tong !!
Dadi bocah sing welas asih
Mbokan mbesuk dadi dokter
Dokter sing ikhlas nambani penyakite wong
Dudu dokter sing pilh kasih
Tong!!
Dadi bocah kudu duwe iman
Mbokan mbesuk dadi polisi
Polisi mbela sing bener
Dudu polisi sing mbela sing mbayar
Tong!!
Dadi bocah sing sholeh
Mbokan mbesuk koen dadi tentara
Tentara sing perang bareng ulama
Dudu tentara sing merangi ulama
Tong!!
Dadi bocah sing nduweni rasa wedi
Mbokan mbesuk koen dadi pejabat
Pejabat sing korupsine secuil
Tong !!
Tong!!
Tong!!
Tong !!
Koen pengine dadi apa?
dadi supermen dadine kuat ngadepi monster-monster parlemen”
14-01-2014



" Udan Barat "
Karya : Bagus Murdianto

Udan barat, gede nemen tetesane
sing tiba nang Negeri kiye
Negeri sing jare wong gemah ripah luh jinawi
banyune mili dadi inungane pari
sayuran, tanduran
hutan lan rimba


Udan barat mbanjiri ngimpine Negeri
sing kecolong
daning wirog nang kana

Maling,
udan-udanan duit
ngudani awake dewek nganggo dosa
belih mikir sapa sing kebabat


Udan barat nang Negeri kiye
muga dadi pupuk
suargane petani
nandur harapan
eben mapan

Udan barat nang Negeri kiye
saiki,
ngesuk,
mbesuk,
tetep dadi kauripane Negeri
Tegal, 17 januari 2013.


Read More »

0 comments:

Post a Comment

Copyright © *Gubug Kreasi^ 2014

Template By Sayyidan Chiam